Rabu, 25 Maret 2015

SESORAH BAHASA JAWA KEBUDAYAAN



KETHOPRAK
Assalamualaikum wr.wb
Kawilujengan saha kabagaswarasan tansah kajiwa kasarira dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula.
Bapak pangarsaning pawiyatan SMA NEGERI 1 PAKEM, Bapa Drs.H. Agus Santosa ingkang satuhu kinabekten, Bapak Ibu guru saha staff karyawan SMA NEGERI 1 PAKEM ingkang dhahat kinurmatan, saha para kanca ingkang satuhu sadu ing budi. Sakderengipun sumangga kita ngaturaken puji syukur ngarsa dalemipun Allah SWT ingkang sampun paring rahmat saha kanikmatan ,sahingga kita saged pinanggihan wonten ing adicara pendhadaran sesorah basa jawi kangge kelas XII SMA NEGERI 1 PAKEM tahun ajaran 2013/2014 kanthi wilujeng nir ing sambikala.
Dinten menika Senin surya kaping 10 wulan Februari tahun 2014, kula nyuwun idil palilah saha pangestunipun ing wekdal punika badhe suka katrangan kanthi judhul “KETHOPRAK”. Kenging menapa kula badhe ngrembag kethoprak punika? Kula naming badhe ngemutaken dhumateng kula lan panjenengan sedaya menawi kita tasih gadhah drama ingkang asring dilalekaken dhumateng kula lan panjenengan sedaya, drama kagungan kita inggih menika kethoprak. Kethoprak punika salah sawijining jinis pagelaran kanga sale saka jawa. Lumrahe cerita kang di angkat jroning pagelaran kethoprak ana maneka warna jinise. Ono sing jupuk saka crita sujarah jawa, legenda. Sing dadi cirri wancine kethoprak yaiku para nayaga utawa pemain kairing tabuhan utawa gamelan. Rembugan uga bisa nganggo tembang,. Dadi tembang bisa mujudake pangiring adegan,dialog, lan monolog utawa narasi. Unine gamelan kanggo ngiringi tembang, adhegan, siji lan sijine.
Gunanipun kethoprak  menika kathah, saged kangge hiburan, pengetahuan budaya jawi lsp.
Dadosipun kethoprak menika budaya ingkang penting lan adiluhung. Clitford Geetz mengatakan  “Tanpa manusia, budaya tidak ada, namun lebih penting dari itu, tanpa budaya, manusia tidak akan ada” .
Yeku ilapating wahyu
Yen yuwana ing salami
Marga wimbuhing nugraha
Saking kep Kang Maha Suci
Cinancang pucuking rikma
Nora ucul-ucul kaki
Tembang kinanthi wau saking Serat Wedhatama ingkang tegesipun kita kedah nglakoni lan mensyukuri anugrah saking Maha Kuasa, mula kita tansah jaga supaya ora ilang.
Dadosipun kula ngajak panjenengan supaya tetep nguri uri budaya kita dhewe, khususipun kethoprak. Mboten pareng terus terusan nonton drama korea, film barat, nanggih kita ugi diselingi nonton kethoprak supayanipun kabudayaan kita niki mboten ilang tanpa sisa, amargi menika budaya kita piyambak.
Para lenggah ingkang kinurmatan, mekaten atur kula babagan kebudayaan jawi kethoprak punika, mugi-mugi saged paring manfaat kanggeh kula lan panjenengan sami. Menawi wonten solah bawa ingkang mboten sae, kathah klentunipun kula nyuwun samudra pangaksami. Pungkasaning atur.
Wassalamualaikum wr.wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar